Puisiku ^,^


Nandhang Asmara
Dening : Laila Purnama Rahmah S

            Nalika langit peteng kagubeng dening mendung....
            Tanpa angin tanpa wicara...
            Tanpa lagon tanpa gending...
            Wewayanganmu tansah anggawang-nggawang
            Kaya ora gelem sirna ana ing piker

            Apa aku lagi nandhang asmara
            Tambah gregeting manahku nalika ketemu
            Tresnaku sayekti suci
            Muga-muga sliramu bisa nampa ati iki
            Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku,
            Atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.
            Sauntara wengi sansaya tumlawung ing palung samun

            Duh kang mas…
            Sliramu kang nduweni ati iki
            Aja gawe atiku cidra lan kuciwa
            Tekamu tansah tak enteni saben dina
            Sing muga bisa nglipur lara
            Bebasan lahang karoban madu
            Luwih manis sliramu

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS
Read Comments

0 komentar:

Posting Komentar